Перейти к содержимому

Sinau Tata Krama ing Dalan Anyar

26 Nindia Annursita P. X-2

0:00 / 0:00

Sinau Tata Krama ing Dalan Anyar

70 просмотров · 11 дн. назад
26 Nindia Annursita P. X-2
2 подписчика
70 просмотров · 11 дн. назад
JENENG KELOMPOK : 1. ANGGIE WAHYU AZZAHRA/04 2. ASHA SARISHA/05 3. MERRY INTAN PUTRI HERAWATI/20 4. NINDIA ANNURSITA PERTIWI/26 5. NURUL IZZAH ANWAR/27 6. TIRTA AZARIA PUTRI/31 7. YUMNA ZAHIRA/34 Sinopsis Sandiwara “Sinau Tata Krama ing Dalan Anyar” Sandiwara iki nyritakake Marni lan Putri, bocah enom sing kurang nggatekake tata krama nalika sesrawungan karo wong liya. Nalika nongkrong ing warung, Marni tumindak sembrono lan kurang sopan marang Ibu Warung. Kahanan saya ala nalika Marni lan Putri meh nyenggol pengendara sepeda amarga mlaku karo guyon lan ora nggatekake dalan. Nalika ditegur, Marni malah mbantah lan ora gelem ngakoni kaluputane. Bu RT sing ngerti kedadeyan kasebut banjur ngajak Marni, Putri lan Rani menyang omahe Mbah Putri kanggo sinau babagan unggah-ungguh. Mbah Putri menehi wejangan yen tata krama ora mung katon saka cara ngomong, nanging uga saka tumindak lan sikap ngajeni wong liya. Marni lan Putri pungkasane nyadari kaluputane, njaluk pangapura, lan janji bakal luwih sopan. Sandiwara iki menehi piwulang yen tata krama kudu ditrapake marang sapa wae, kalebu wong sing durung dikenal, supaya bisa njaga kerukunan lan ngajeni sapadha-padha.