LADRANG AYUN-AYUN || MAT MATAN || LILIS STYARINI || SISKA ARUM.
BATHARA CHANNEL
0:00 / 0:00
LADRANG AYUN-AYUN || MAT MATAN || LILIS STYARINI || SISKA ARUM.
265 974 просмотра · 1 год назад
BATHARA CHANNEL
16,3 тыс. подписчиков
265 974 просмотра · 1 год назад
Ldr AYUN AYUN
Karya : Ki Narto sabdo
Goness.. Goness wicarane...
Dewa terta...
Ya mas..Ya mas...
Wantahe awungu nendra...
Ayun-ayun gobyok gawe gumun
tekun sarta rukun, akeh kang kayungyun
dadi srana iku datan jemu
Nyawiji ing panemu condhonging kalbu
Ya Rama.. ramane dewe..
Sekar...pisang
Ya mas...ya mas...
Pisang...sesajining karya..
Tulus rumangsang ayun-ayun
sarwa sarwi samar ngayun-ayun
tak kodheng emeng ngayun-ayun
tundhane nelangsa ngayun-ayun
Gones gones nenes wicarane
Saji siswa Ya Rama..
Ramane dewe
Arane basa nawala..
Nalikane rohing dalu,
Wong agung mangsah semedi,
Sirep kang bala wanara,
Sedaya wus sami guling,
Nadyan ari sudarsana,
Wus dangu nggenira duling.
Goness.. gones wicarane......
Dewa terta...Ya mas..Ya mas...
Wantahe awungu nendra...
Kukusing dupa kumelun,
Ngeningken tyas sang apekik,
Kang kawengku sagung jajahan,
Nanging sanget angikibi,
Sang Resi Kanekaputra,
Kang anjok saking wiyati
Goness wicarane.....
Nadyan lamong...
Ngalamong tanpa ukara...
Ramane dewe,,.
Ujung jari balung rangdane kalapa...
Trahing Nata.. Trahing Nata....
Ramane dewe...
Garwa risang Dananjaya,
Ya masss...
Garwa risang Dananjaya..
Goness goness wicarane..
Den prayitna sabarang haywa sembrana..
Gones goness neness wicarane..
Man eman .. Man emann,,, eman...
Jarwa purwa tunggal basaning baskara,
Ayun kula kula ayun...
Rujak nanas pantes diwadahi gelas
Tiwas tiwas
nglabuhi wong ora nggagas
Tumuli gambuh rasane
Kang ana tambuhana
Kang ora ana takok ana
Mring condonging kalbu
Mrih aja rengu
Muga muga adoh ing panyendu
Bang bang wetan suruping surya
Ing wengi bangun
Tan kendhat angayun ayun..