Jomblo nekat - Susahe dadi wong randuwe - Aku iki wong ora nduwe
Kim Elektronik
0:00 / 0:00
Jomblo nekat - Susahe dadi wong randuwe - Aku iki wong ora nduwe
14 735 просмотров · 7 лет назад
Kim Elektronik
161 подписчик
14 735 просмотров · 7 лет назад
Aku iki wong ora nduwe
wong tuwoku podo wae
sandang pangan sak anane
duit sithik dicakake
lawuh cukup tahu lan tempe
pingin udud yo nglinting dewe
susahe ... susahe ... susahe ...
dadi wong ora duwe
Rupo nggantheng kempes kantonge
pingin moncer koyo kancane
golek bojo sing sugih bondo
isin sithik ra dadi opo
ngalor ngidul golek kenalan
ra peduli anak jutawan
susahe ... susahe ... susahe ...
pingin dadi wong duwe
Ajar kenal karo wanito
anake juragan kloso
tanpo nyono aku ditrimo
pitung dino dirabekno
mujur aku saiki prokonco
dadi mantune wong sugih bondo
bungahe ... bungahe ... bungahe ...
dadi wong kang mulyo
Telung wulan dadi mantune
lali karo riwayate
mangan lan turu sak karepe
gawe mangkel wong tuwane
dikon bali ono ing ndesoku
ati gelo margo salahku
susahe ... salahe ... susahe ...
margo salahku dewe
susahe ... salahe ... susahe ...
margo salahku dewe
susahe ... salahe ... susahe ...
margo salahku dewe ...