Перейти к содержимому

🎵 Den Bagus Jawal - Pepundhen Sendang Gunung Kinjeng

Yoyok Minggir

0:00 / 0:00

🎵 Den Bagus Jawal - Pepundhen Sendang Gunung Kinjeng

220 просмотров · 2 нед. назад
Yoyok Minggir
804 подписчика
220 просмотров · 2 нед. назад
Mugi karya “Den Bagus Jawal – Pepundhen Sendang Gunung Kinjeng” saged dados pangeling-eling tumrap generasi mudha, nguri-uri budaya, sejarah tutur, lan kabudayan Jawa, mliginipun ing tlatah Sendangmulyo lan Minggir. Mugi lagunipun dados karya ingkang endah, ngrembaka, lan lestari. Rahayu, rahayu, rahayu. 🌿🎶 🎵 DEN BAGUS JAWAL - Pepundhen Sendang Gunung Kinjeng arr. OC62YOK Ing Gunung Blimbingan kang ayem tentrem Ono sendang bening, Sendang Kinjeng Ing sacedhak-e Padukuhan Diro Nyimpen carito jaman biyen kolo Ono Asmo kang tansah kasebut Den Bagus Jawal, putro leluhur Pepundhen suci kang dipangestoni Njogo sendang, njogo bumi iki Miturut tutur poro sesepuh Dhewek-e trahing Mojopahit Isih bocah nanging kebak karomah Dadi pepundhen kang sinubo asih Mbah So Iyono kang njogo sendang Nuturake crito kanthi temen Den Bagus Jawal isih tetep ono Ing pangeling-elinging wargo Diro Naliko ono gawe gedhe ing Diro Penganten anyar nyuwun rahayu Wargo podho sowan ing Sendang Kinjeng Nggowo sesaji minongko pakurmatan Mbebuwang dadi tradhisi lawas Nyuwun lancar, nyuwun slamet Dudu mung sesaji kang utomo Nanging ngajeni leluhur lan alam Den Bagus Jawal... Pepundhen kang tansah kaurmati Sendang Gunung Kinjeng... Sumbering urip, sumbering pangeling Den Bagus Jawal... Asmamu urip ing tutur rakyat Gunung Blimbingan dadi saksi Crito leluhur ojo nganti lali Ooo... Den Bagus Jawal... Pepundhening tanah Diro... Ing banyu kang bening... Ing sepi kang meneng... Ono crito kang ora bakal ilang... Saiki jaman wis owah rupo Nanging crito tetep ono ing ati Sendang Kinjeng ojo nganti lali Warisan tutur anak putu iki Gunung Blimbingan dudu gunung agung Nanging nyimpen misteri kang jero Den Bagus Jawal tansah kasebut Dadi pepundhen ing tanah Diro Den Bagus Jawal... Sendang Gunung Kinjeng... Gunung Blimbingan... #budaya #gendhing #majapahit #sendangkinjeng #yogyakarta