BERTANYA: Unggah-Ungguh Basa Jawa | Kelompok 8
FORENSIXSMANIKA
0:00 / 0:00
BERTANYA: Unggah-Ungguh Basa Jawa | Kelompok 8
42 просмотра · 1 месяц назад
FORENSIXSMANIKA
18 подписчиков
42 просмотра · 1 месяц назад
Sugeng Rawuh Bolo!😁
Pripun Kabaripun?🤔
Ing mriki kula kaliyan lare-lare badhe damel video tuladha unggah ungguh basa jawa kangge caturan ing kauripan dinten-dinten, jinise kaliyan fungsine yaiku :
📜 Basa Ngoko Lugu, damel :
– caturan marang kanca sebaya/sedrajad.
– caturan wong tuwa marang wong enom.
📜 Basa Ngoko Alus, damel :
– caturan ibu marang bapak.
– caturan wong tuwa marang wong enom sing drajad e luwih dhuwur.
– caturan sedulur tuwa marang sedulur enom.
📜 Basa Krama Lugu, damel :
– caturan marang kanca sebaya/sedrajad ananging dereng raket.
📜 Basa Krama Alus, damel :
– caturan wong enom marang wong tuwa.
– caturan andhahan marang pimpinan.
👉 Caturan Cece marang Safira/Safira marang Cece kasebut ngoko lugu.
👉 Caturan Pak Faris marang Cece/Safira kasebut ngoko lugu.
👉 Caturan Pak Faris marang Pak Adit kasebut ngoko alus.
👉 Caturan Pak Adit marang sedanten kasebut krama lugu.
👉 Caturan Cece/Safira marang Pak Faris/Pak Adit kasebut krama alus.
Mugi-mugi video niki migunani kangge panjenengan sedanten.
Maturnuwun Bolo!🙏😄