Перейти к содержимому

LOMBA MACA GURIT MGMP SMP BOJONEGORO ( M. MULTAZAM AHSANUR ) SMP N 1 SUMBERREJO

MGMP Basa Jawa SMP Bojonegoro

0:00 / 0:00

LOMBA MACA GURIT MGMP SMP BOJONEGORO ( M. MULTAZAM AHSANUR ) SMP N 1 SUMBERREJO

51 просмотр · 13 дн. назад
MGMP Basa Jawa SMP Bojonegoro
20 подписчиков
51 просмотр · 13 дн. назад
Lomba maca gurit (membaca puisi) tingkat smp se- Kabupaten Bojonegoro dalam rangka memeriahkan "HARI JADI BOJONEGORO 2026" JUWARA 2 M. MULTAZAM AHSANUR, SMP N 1 SUMBERREJO Geguritan dengan judul : "ERENG ERENG GUNUNG PANDHAN" Dening : Gampang Prawoto Daktrajang alas lelimengan munggah mudhun enggoking dalan ora ngoyak celeng sing kadenangan colong pangan saka wohing tetanduran kang ninggal tlacak banjur sesingidan ngoncati pakaryan wis dadi gegaman. Ing ereng-ereng gunung pandhan daksimpen mubal puthiting kekarepan sadlenik ati oncating rasa pepenginan kang sawetara wektu durung kalaksanan nyiram winih-winih ogol butuh rabukan enggal nyempulur woh legi kamakmuran. Darbe ancas kang wigati tur utama ngrakit aksara kareben bisa diwaca titis maca jlentrehake sarining makna nulis angka miji atus ewon nganti yuta petung kanthi tambah ping para lan suda gegulang olah budi lumantar basa jawa. Alas kari tilas, wana kari crita mbako marmer lan kayu jati wis ora ana wit jati padha mati ganti jagung hibrida marmer ora dadi taliasih cendera mata mung bruwah gabah rega ora mandra mubal lenga durung gawe kawula mulya. Krondonan-Gondang,16042025