Перейти к содержимому

Kisah Kyai Mindil

Yoyok Minggir

0:00 / 0:00

Kisah Kyai Mindil

83 просмотра · 6 дней назад
Yoyok Minggir
802 подписчика
83 просмотра · 6 дней назад
Kisah Kyai Mindil arr. Yoyok Kyai Mindhil satuhu, wong linuwih tanah Jowo, ngabdi marang Diponegoro, naliko prang nglawan Walondo. Karo Nyai Mindhil lumaku, ngambah alas lan padesan, ngudi papan kanggo dedunungan, nganti tekan tlatah Minggir. Mbukak alas dadi papan, ngukir sejarah ing tanah Jowo, jeneng Mindhil dadi tetenger, lestari nganti salawase. Kyai Mindhil... Kyai Mindhil... leluhur kang dadi pangeling, Nyai Mindhil setyo ing sisih, ngancani saben lampahing urip. Mindhil malih dadi Minggir, jeneng kang lestari nganti saiki, ojo nganti lali marang leluhur, nguri-uri budoyo tanah Jowo. Nalika Nyai ngelak ing dalan, Kyai nyuwun banyu marang wargo, nanging tinompo tanpo welasan, banjur ngendiko “Ngenthang-enthang...” Alam banjur owah kahanane, banyu soyo angel ditemoni, crita turun-temurun tetep urip, dadi Légendha ing tanah Minggir. Kyai Mindhil... Kyai Mindhil... leluhur kang dadi pangeling, Nyai Mindhil setyo ing sisih, ngancani saben lampahing urip. Mindhil malih dadi Minggir, jeneng kang lestari nganti saiki, ojo nganti lali marang leluhur, nguri-uri budoyo tanah Jowo. Minggir... jejak poro leluhur... Kyai Mindhil... lan Nyai Mindhil... #minggir #macapat #yogyakarta #worldhistory