Перейти к содержимому

SENDANGARUM MULYO

Yoyok Minggir

0:00 / 0:00

SENDANGARUM MULYO

306 просмотров · 2 дн. назад
Yoyok Minggir
816 подписчиков
306 просмотров · 2 дн. назад
SENDANGARUM MULYO Ridumadosing Kalurahan Sendangarum Kaping 78 arr. YoyokJKM [Intro] [Verse 1] Ing bumi Sleman sisih kulon Sendangarum desa kang edi Ngijon Daratan nyawiji dadi siji Nggawa sejarah kanggo generasi Sawah ijo katon sumilir Angin desa nggawa kabar Warga guyub, warga rukun Bebarengan mbangun kalurahan [Pre-Chorus] Soko leluhur tumeko saiki Tansah nyawiji ing tekad suci Nglestarekake budaya lan tradisi Kanggo anak putu ing tembe mburi [Chorus] Sendangarum... Sendangarum... Bumi tresna kang dakgunggung *Ridumadosing kaping 78 Muga tansah rahayu lan linuhung Sendangarum... ayo nyawiji Guyub rukun saklawase iki Gotong royong dadi pepadhang Desa mulya, warga gemilang! [Interlude] [Verse 2] Saben padukuhan duwe crita Saben warga duwe pangajab Tulung-tinulung wis dadi budaya Guyub bebarengan nggayuh kamulyan Para mudho penerus bangsa Aja lali marang budaya Nguri-uri bumi kelairan Dadi kebanggaan ing tembe mburi [Bridge] Dudu mung jeneng kang kita tresnani Nanging papan urip lan panguripan Sendangarum tetep dadi siji Rukun tentrem ing salawas-lawase [Final Chorus] Sendangarum... Sendangarum... Bumi tresna kang dakgunggung Ridumadosing kaping 78 Muga tansah rahayu lan linuhung Sendangarum... ayo nyawiji Guyub rukun saklawase iki Gusti paring berkah lan karaharjan Sendangarum mulya salawase! [Outro] Sendangarum... Rahayu... rahayu... Mulya salawase... #minggir #budaya