Перейти к содержимому

DRAMA BAHASA JAWA 2026 "TRESNA DADI CIDRA"

Verthics

0:00 / 0:00

DRAMA BAHASA JAWA 2026 "TRESNA DADI CIDRA"

46 просмотров · 12 дней назад
Verthics
10 подписчиков
46 просмотров · 12 дней назад
SINOPSIS Rega Sawijining Dendam nyritakake Niken lan Udin, loro wong enom sing padha tresna, nanging kudu ngadhepi masalah amarga beda status sosial. Farik, bapake Niken, ora setuju karo hubungan kuwi amarga Udin mung saka keluarga sederhana. Miturut Farik, Niken kudu nduwe pasangan sing sederajat karo keluargane. Amarga nesu lan ora gelem nampa hubungan anake, Farik tumindak nganti Udin ngalami kacilakan. Zaidan, kakange Udin, ora bisa meneng wae ndeleng adhine nandhang akibat saka tumindake Farik. Dheweke banjur ngrancang cara kanggo mbales dendam lan nggawe urip Farik ambruk. PESAN MORAL 1. Aja ndelok wong saka bandha utawa status sosiale. Wong sederhana durung mesthi nduwe ati sing ala, lan wong sugih uga durung mesthi luwih apik. 2. Aja gampang tumindak nalika lagi nesu. Yen emosi, luwih becik meneng dhisik supaya ora nggawe keputusan sing bakal diseseli. 3. Dendam ora bakal nggawe masalah rampung. Dendam malah bisa nggawe masalah tambah dawa lan nyeret wong liya. 4. Tresna kudu ana kejujuran lan ketulusan. Aja nganti rasa tresna digunakake kanggo kepentingan pribadi. 5. Saben tumindak mesthi ana akibate. Apa sing ditindakake dina iki bisa bali dadi pelajaran ing tembe mburi. 6. Sing paling penting yaiku bisa ngapura lan njupuk hikmah. Urip bakal luwih tentrem yen masalah dirampungake kanthi sabar lan pikiran sing becik. PARAGA LAN PEMERAN : 1. Farik Asgaf Rakhmadi (XII-3, 05) Pengusaha sombong, mantan pemilik perusahaan, lan nglakoni apa wae kanggo kepentingane. 2. Wulan Prajawati (XII-3, 35) Bojone Farik. Sombong lan ngutamakake status sosial. 3. Najwa Aulia (XII-3, 27) Mbakyune Niken. Dingin lan manut marang bapake. 4. Niken Hapsari Nengtias (XII-3, 29) Anak bungsu Farik. Tresna marang Udin, nanging gampang dipengaruhi bapake. 5. Syaifuddin Zuhri Insani (XII-3, 33) Pacare Niken. Wong enom sing mlarat, tulus, polos, lan dadi korban tabrak lari. 6. M. Akhtar Zaidan (XII-3, 24) Kakange Udin. Pinter, dingin, lan duwe rencana kanggo mbales dendam. 7. Zahra Aulia Putri (XII-3, 36) Ibune Udin lan Zaidan. Sayang lan nglindhungi anak-anake. 8. M. Bad Ul'Ibad Dzikro (XII-3, 20) Kancane Zaidan. Investor sukses sing nduweni pengaruh gedhe ing bisnis. 9. Irfani Zahra Nurulaini (XII-3, 14) Manajer ing perusahaan Farik. Ambisius lan gampang dihasut. Editor : Niken Hapsari Nengtias (XII-3, 29) Kameramen : Irfani Zahra Nurulaini (XII-3, 14)