Перейти к содержимому

Notasi Gendhing Bedhayan Udan Soré, Ldr Peksi Kuwung, Ktw Saraswati Sl.6 Karawitan RRI Surakarta,

Notasi Gending

0:00 / 0:00

Notasi Gendhing Bedhayan Udan Soré, Ldr Peksi Kuwung, Ktw Saraswati Sl.6 Karawitan RRI Surakarta,

43 529 просмотров · 4 года назад
Notasi Gending
6,5 тыс. подписчиков
43 529 просмотров · 4 года назад
Gendhing Bedhayan Udan Soré kethuk 2 kerep minggah 4 kalajengaken Ladrang Peksi Kuwung kasambet Ketawang Saraswati trus Ayak-ayakan Sl.6 Karawitan RRI Surakarta. Kawimbuhan Notasi Gendhing Cakepan Gd Udan Sore Bedhayan Sl.6 Merong 1. Riris wanci serap suryo Madyaning wono kaniyoko Satriyo gung luhur panenggak ing Pandowo Anenggih dyan Hariyo Werkudoro Alon hu matur ingkang roko Prabu Yudistiro Duh kakang prabu jroning wono 2. Yekti tan ono kamulyan Nyoto sadelo kapiyarso Hanggero kang singo singo Hambaung srenggolo karem amongso jalmo Eling kakang ratu Drupadi Tansah margiyuh rino wengi Karendhet ri bandil Bebondhotan nyampinge sebit 3. Sirno putri ning Narpati Merang nangis kawlan asih Gung nalongso nutuh diri Enget duk ing nguni reh sirnaning Nagari Kaduk wani sesukan dhadhu Ngendro Prastho samengko komplang Labet kakang Prabu Dhahat amberung ngaji pupung. Inggah 1. Hananggapi Prabu Puntodewo maring Werkudoro yayah esmu ngundomono Kadang ingsun siro kang rumongso luwih Dene wona wani taruno amulang kadang wredho Lir Dewo kang wenang andum kabahagian mring pro titah Siro kudu eling Titah amung dermo anglakoni Yayi .... esthining tyas tan anjarak Kadurhakan ketang nuhoni janji. 2. Lamun siro wruhing gati analiti Olo becik iku praboting dumadi Kang mangkono dadyo pandadaring dhiri Pun kakang tan runtik sanadyan Kurowo nandur serik Hamung dadi sarono pro Pandhowo kendhang tilar Projo Marmo darbe trekah cidro jroning podo asesukan Dhadhu .... sopo cidro kasangsoyo Lamun kongas yayi arso ngraboso 3. Ha ngendelken dupeh siro gung aluhur Gagah panggah angadoni ing prang pupuh Yen mangkono iku ingaran amberung Singlar ing prajanji lir sudro sayekti kumalungkung Iku tanpo guno becik yen saranto anarimo Ing pandum Pangwoso mring Jawoto luhung kang miseso Jagat .... wauto sang Werkudoro Dres kang riwe lir jawah wanci sore . Ldr. Peksi Kuwung 1. Yoto wou Sumewo ing ngarso Noto Nenggih Raden Sumantri Kagyat ingkang mulat Tinarko Dewo darat Kadorowekasan sang Sri Arjuno Sosro Mangkono ngandiko ris 2. Kacarito Ing dusun Widoro kandhang Anenggih sang Apekik Raden Noroyono Myang sang Dyah Brotojoyo Miwah Niken Larasati aginem raras Ing bab sawiji wiji. Ktw Saraswati Datan ngawruhi kang tekane tanpo sangkan Angejo wantah sang Batari Saraswati Sayekti handayani mekaring sanggyo budoyo Kalamun kadulu maweh bangkit jroning kalbu Lelewane sesinome yen cinondro anglamlami Raras ngarih arih ririh angarah arah Panjalmane Saraswati