Перейти к содержимому

DANGDUT KOPLO 🎵 Lelampahan Mbah Ijho

Yoyok Minggir

0:00 / 0:00

DANGDUT KOPLO 🎵 Lelampahan Mbah Ijho

63 просмотра · 1 день назад
Yoyok Minggir
736 подписчиков
63 просмотра · 1 день назад
🎵 Lelampahan Mbah Ijho arr. OC62YOK *Mbah Ijho...* Antonius Samijo... Sragan Banaran dadi saksi... Patang puluh taun luwih ngabdi... Nglestarek ake seni lan budoyo Jowo... Wiwit taun wolung puluh siji, Mbah Ijho miwiti ngabdi, Dadi guru kanthi ati suci, Nuntun bocah nggayuh gegayuhan ati. Gunungsari Semanu dadi wiwitan, Ngukir sejarah kanthi kesabaran, Gedongtengen Ngayogyokarto diteruske, Nganti puluhan taun ora tau menyerah. *Patang puluh siji taun luwih sewulan,* Dadi guru kanthi kebak pengabdian, Dudu mung mulang moco lan nulis, Nanging mulang urip supoyo tansah becik. *“Yo... Mbah Ijho!”* *“Guru lan seniman Jowo!”* *“Ayo Lona... Luna... terusno!”* Kethoprak dadi dalan uripe, Wiwit taun wolung puluh nganti saiki, Soko panggung menyang panggung crito, Nglakoni seni kanthi roso tresno. Jathilan ugo dadi bagiane, Wiwit rong ewu rolas nganti saiki lakune, Pranotocoro lan sesorah Jowo, Ngluhurke boso, budoyo, lan toto kromo. Taun rong ewu limolas dadi cathetan, Sesorah Jowo nggowo jeneng perwakilan, Kuto Ngayogyokarto dadi papan perjuangan, Ngluhurke budoyo kanthi roso bonggo. *Ho... ho... ho...!* *Mbah Ijho...!* *Budoyo Jowo... ora keno ilang!* *Lona... Luna... ayo terus berjuang!* Wayang kulit dadi pepadhang ati, Seneng nyemak dhalang kang mumpuni, Gagrak Yogjo, gagrak Solo, Kabèh dirumat kanthi roso tresno. Nembung manten, masrahke manten, Wis lumrah ditindak-ake ing ngendi wae, Soko deso nganti kutho ing tanah Jowo, Mbah Ijho nguri-uri unggah-ungguh budoyo. Sragan Banaran papan panggonane, Sendangmulyo dadi saksi lakune, Minggir Sleman tanah kang ditresnani, Papan ngaso sawise dowo pengabdiane. Lan ono siji crito... Sing ora bakal ilang soko ati... *Bernadeta Ngatijah...* Garwo tercinta sing wis luwih dhisik kondur marang Gusti... Nanging katresnan lan kenangan, Tetep urip ing njero ati lan kulowargo... Caecilia... Brigita... Dadi anak kang nerusake pangabdian... Lan saiki ono *Lona lan Luna...* Cucu kang dadi pangarep-arep moso ngarep... *Lona... Luna... rungokna!* Iki critane simbahmu tercinta! *Mbah Ijho wis menehi tulodho,* Urip kanthi karyo lan budoyo! Ojo wedi nggayuh cita-cita, Ojo lali marang budoyo bongso! *Sinau... maju... ojo kendho!* *Ngudi ilmu... ojo sembrono!* *Lona! Luna! terusno lakumu!* *Dadia generasi kang migunani tumrap pepodho!* *Budoyo Jowo... kudu lestari!* *Seni tradisi... ojo nganti mati!* *Lona lan Luna... generasi anyar!* *Mbangun masa depan kanthi ati sing sabar!* *DUG! DUG! DUG!* *Tak dhung tak dhung... tak tak dhung!* *Mbah Ijho!* *“Nguri-uri budoyo Jowo!”* *Lona!* *“Siap!”* *Luna!* *“Siap!”* *Bareng-bareng!* Jowo ora ilang, budoyo tetep langgeng! Mbah Ijho, jenengmu dadi kenangan, Soko guru tekan panggung kabudayan, Soko kethoprak tekan jathilan, Soko sesorah tekan pranotocoro manten. Opo kang wis tok tandur ing kulowargo, Mugo dadi wiji kang tuwuh migunani, Lona lan Luna dadi penerus, Nggowo asmamu kanthi ati kang tulus. *Ora kudu podho persis lakune,* Nanging njupuk becike soko tuladhane, Ngudi ilmu, jujur, lan andhap asor, Dadi manungso migunani nganti tekan pungkasan umur. *Lona... Luna... ayo maju!* Ngukir masa depanmu kanthi ilmu! *Lona... Luna... ojo kendho!* Nerusake semangat Mbah Ijho! Seni budoyo tetep dijogo, Boso Jowo tansah dirumat roso, Opo sing becik ayo diterusa ke, Opo sing luhur ayo dilestarek ake! *Mbah Ijho...!* *Lona...!* *Luna...!* *Sragan Banaran dadi saksi,* *Crito kulowargo tetep ono ing ati!* --- #dangdutkoplo