LOMBA MACA GURIT MGMP SMP BOJONEGORO ( WAHAYU DWI JENYTA PUTRI ) SMP N 1 GAYAM
MGMP Basa Jawa SMP Bojonegoro
0:00 / 0:00
LOMBA MACA GURIT MGMP SMP BOJONEGORO ( WAHAYU DWI JENYTA PUTRI ) SMP N 1 GAYAM
49 просмотров · 12 дн. назад
MGMP Basa Jawa SMP Bojonegoro
20 подписчиков
49 просмотров · 12 дн. назад
Lomba maca gurit (membaca puisi) tingkat smp se- Kabupaten Bojonegoro dalam rangka memeriahkan "HARI JADI BOJONEGORO 2026"
Geguritan dengan judul :
"TINAPAK BUMI AJI"
Dening : Diwang Panglungit
Iki bumi lairku
Sumarene kakang kawah adhi ari-ari
Nadyan kumebul bledug ing mangsa ketiga
Kepetel lendhut lan dibal ing mangsa rendheng
Kringet lan getih iki bakal kumembeng ing banyu lan lemah kang dak pidak
Mapanku ana ing desa
Sinisir kali lan kinepung wana
Adoh ratu cedhak watu
Nanging iki papan uripku
Iki bumi lairku
Isih akeh omah rangka jati lan jogan
Aduse isih ana ing pakiwan
Nanging tepa slira kang utama marang Liyan
Iki bumi lairku
Isih ana wong tuwa mbatin anake ing njaban desa mung kanthi nganguk genuk
Isih akeh putra kang wis onja mulya nanging ora umuk
Bumi lairku, Bumi Bojonegoro
Kebak laku sadawane umurku ing ngalam donya
Nglanglang jagad
Tumuju mbesuk ing akhirat
Bojonegoro, 30 September 2015.